Selasa, 27 Juli 2010

Jangan Rambanan is Delicious


Sedulur., Rika pada wis tau mangan jangan Gendot apa urung?.
Gendot kuwe sejenis tanduran liar sing sering tukul nang sawah utawa kalen, godonge persis enceng gondok ningen amba amba. nek nang daerah cilacap wetan sering disebut "Centhongan", soale godonge plek persis kaya Centhong sing nggo nyiduk sega.
Gendot nek dijangan rasane madan sengar, krasa nang ilat madan pait tapi tetep nylekamin koh..

Ana maning Rambanan sing teyeng dijangan seliane gendot. Kaya "Krema", krema wujude mirip krokot mpan jangkrik. krema enake dekluban utawa dedadekna pecel. nggolete gampang, nang galengan sawah apa nang pipir kalen ya anu akeh kuwe.

Sedulure Krema sing kena dejangan yakuwe "Gunda". Gunda akeh tukul ning pipir kali, godonge meh pada karo mbako aceh sing mendemi kae. rasane madan pait ningen tetep nggadhel koh.
Gunda kena dekluban utawane detumis karo tempe. dejamin nek rika mangan mesti mele mele kepaiten. hehehe...

Tunggale Gunda sing kena nggo wareg wareg telih ya ana maning koh, yakuwe "Semanggen" utawa semanggi basa endonesiane. semanggen biasane urip nang sawah jejeran karo pari sing urung didaut. ati ati bae nek mangan janganan kiye, mbok anu sawaeh bar de Granul koh, bisa bisa rika sawan celeng jalaran mangan semanggen campur pestisida. ora lucu mbok nek Rika semaput terus mlebu rumah sakit jalaran mendem semanggen?.

Rupa rupa janganan kaya sing nang nduwur kae koh jaman siki wis langka sing gelem bruwun ya?,
Pada gengsi mangan suketan sekang sawah apa wedi mbok keracunen pestisida mbuh...

Sing genah cilikane nyong gemiyen wareg saben dina dekombor jangan karo kluban asil bruwunan mboke nang sawah. mulane uteke pas pasan kaya kiye wong gizine bae gendot karo semanggen sih. jere ninine sing penting wareg lah..

Pirang pirang taun ora ngambah lemah jawa koh nyong krasa kangen karo jangan asil rambanan ya?.
Pernah saking kepengine mangan jangan gendot Nyong bruwun nang kali kene (Batam). Gendote keton lemu tur ijo royo royo koh, ya wis, Nyong menclum mbanyu terus bruwun. tekan ngumah tek rajangi, tek kumbah terus tek jangan.

"Klamite!"., rasane jan ora patut babar blas, mambu langu tur nang ilat krasa gatel. hii., aja aja kiye udu gendot apa yah?.
Lah., wong anu saking kepengine mangan jangan gendot dadi malah nggragas kaya kiye nyonge koh...



Mbok Rika ana stok gendot ngeneh nyong dekirimi lah...



Gambar sekang gugel maning lah...

Senin, 26 Juli 2010

Jonjang

Jamane Nyong esih cilik sing jenegane "Jonjang" (dolanan karo kanca batir) kuwe wektu sing paling detunggu tunggu saben dinane.
Biasa saben malem minggu, pas padang wulan utawa ana wong mbarang gawe bocahan nang ndesaku mesti pada Jonjang.
Jonjangan bocah kuna gemiyen werna werna,

ana Hong-hongan : (kaya petak umpet tapine sing jaga nyanding Tepes utawa kaleng. angger sing jaga weruh sing umpetan terus nyebutna jeneng karo moni 'hong!" nang ngarepe jenenge, terus njaga aja nganti tepes utawa kalenge ketendang disit nang sing umpetan, angger ketendang disit ya deweke kudhu jaga maning).

Gobak sodor : ( Jonjangan beregu sing nganggo garis kotak kotak, ana regu sing njaga nang setiap garise karo regu lawan sing kudu bisa ngliwati penjaga tekan garis kotak terakhir, nek bisa ngliwati sing njaga tekan garis mburi deitung point siji)

Rebut Gondho : ( jonjangan beregu sing ngrebutna Woh ''Nyamplung", biasane dolanane nek wayah wengi dadi nyamplune madan ora genah pas deuncalna nang kipere, pemain sing nemu nyamplung kuwe mau kerjasama karo regune, goli aweh meneng meneng dekepit jempol sikil ben ora konangan regu mungsueh. degawa ming gul / kiper, meneng meneg karo etok etok esih nggoleti aja nganti konangan mungsuh . nek konangan mesti rebutan, malah nganti banting bantingan mbarang koh..)

Kayane esih akeh model jonjangan liane sing Nyong wis kelalaen.
diantarane model jonjangan sing nang nduwur mau, nyong paling seneng melu jonjang rebut gondho.
Soale jonjang model kiye anu ramene pol nek depeloni, padahal kiye jonjangan sing mbutuhna tenaga akeh, ora jarang nyong debanting banting, deunyel unyel nang mungsuh sing awake lewih gede. malah sering kathok karo klambine nyong sowek jalaran detarik tarik mungsuh sing ngeroyok nyong koh...

Bene awake kesel terus sikile pada mlothas, nyong karo kanca bathir tetep bungah. ora nana dendam apa maning incim inciman.
Sing lewih nggumuni, lanang wedon umur welasan taun campur gulet jonjang nang lapangan, kadang umpetan bareng nang karangan suwung sing peteng ndedet tapi ya ora nana rasa apa apa.
murni jonjang ora nana pikiran arep neka neka.
ora kaya bocah siki pokoke lah, bocah siki esih SD bae nek dolanan wis mringgani. gayane wis kaya wong dewasa bae, wis ngerti cinta cinta'an mbarang koh.,
seh yaqin lah sumpah....

Nek siki nang ndesa esih pada cokan jonjangan ora ya lik?...







Sabtu, 24 Juli 2010

Kangen Niniku


Nek dideleng sekang umur, Ninine Nyong kiye termasuk wis sepuh lah. umure wis 80 taunan, rambute wis dadi uwan putih kabeh. ningen untune esih wutuh getuh luh.. , mung matane thok sing wis mandan blereng dadi nek nyeluk utawa takon wong liwat mung bisa ngapalna sekang suara karo wujud kasare thok.

Senajan umure Ninine nyong kiye wis meh kedaluwarsa, Nini nini kiye esih bregas luh, esih cokan playon nang sawah ngoyok oyok weduse sing nedhak tandurane wong lia.
Ngarit utawa ramban dewek nggo ngempani weduse ya esih kuat.

Jan jane Anak putune ya wis ora kurang kurang goli ngomongi, kon aja angon utawa ngarit maning. dasare Niniku kiye wonge ora teyeng meneng, jere nek meneng bae nang ngumah malah awake pada lara kabeh. malah cokan kecandak dadi mriyange koh.

"Nini Suwuk", kaya kuwe wong sedesane nyong nek nyeluk Ninine nyong kiye. jalarane diceluk nini suwuk amerga Ninine nyong kiye sering dijaluki tulung "Nyuwuk" bocah bocah cilik sing lagi anget awake. lan ndilalah, bocah bocah sing disuwuki akeh marine koh.

Jamane nyong urung lunga merantau, nyong putu siji sijine sing paling dieman nang Ninine nyong kiye. lha, wong nyong sing paling sregep ngarit karo ramban kon, ora dieman kepriwe..
Pernah pas kuwe arep Bada, nyong njaluk duit nggo tuku klambi anyar karo kathok anyar. ujarku ya paling dewei duit, eh, ora dinyana nyana nyong dikon milih wedus bandhot sing paling gede nang kandang.
Tek pilih wedus sing paling lemu, terus tek dol ming Pasar Pon Adipala. duite hasil adol wedus kena nggo tuku klambi karo kathok telung setel koh, sisane nggo sangu Badhan, plesir maring kisik Mbunton karo ming Srandil.

Wis pirang pirang taun nyong ora bali ming
Clacap, Mbuh kayangapa wujude ninine nyong siki. muga muga bae ninine nyong esih sehat, bregas kaya wingi wingi.

Nyong kadang krasa ndosa dewek nek kelingan jaman semana. Nduwe nini sing emanan kaya kae be kadang kadang esih tek rusuih koh. dasar nyonge bae sing methakil, ana ana bae polaeh sing marekna Ninine mrebes mili.
Nyolongi Ndog pithike nang petarangan lah, korupsi timbangan beras nek deprentah kon nyelipna gabah maring "Heleran", lan akeh maning daftar ireng kenakalane nyong wektu kuwe.

"Ninine", Nyong njaluk ngapura karo Rika, Putumu kiye akeh salah dosane"..

"Dongakena bae muga muga Putumu kiye enggal bisa bali sowan maring Rika, nggawa gula kopi, jambe suruh lan rokok sintren kelangenane Rika"...




"Ilopyu pull Ninine"...



Ilustrasi njukut sekang gugel

Jumat, 23 Juli 2010

Nanggap Ebeg


"Ning.. mong.., ning gung..,ning.. mong.., ning.. gung".

Jaman cilikane nyong ndisit, angger krungu onen onen kaya sing nang nduwur kae nyong mesti langsung mlayu nggoleti asal suara tabuhan kuwe detabuh. ora perduli agi dekongkon Beyunge tuku lenga lathung, ora perduli agi repek nang pipir kali, asal krungu tabuhan gamelan ebeg, gagian ngentirak mlayu seporete nuju maring TKP (tempat kejadian perebegan) hehehe...

Nangapa nyong seneng banget nonton Ebeg?, soale, keluargane nyong sekang Buyute nyong, kakine tekan ramane nyong kuwe pelaku seniman Ebeg banyumasan kiye.
malah generasi terakhir penerus keluarga "perEbegan" keluargane nyong siki temurun maring Adine nyong, nyong salut temenan karo adine nyong sing siji kiye, jaman siki bocah nom gelem dadi seniman Ebeg kuwe mbok arang arang ana. Bocah nom siki lewih seneng ngeben utawa dadi pembalap ketimbang dadi seniman Ebeg. alesan isin detonton wong pirang pirang lah, bayarane sing ora mitayani lah, malah ana sing njeplak nek seni ebeg kuwe ora gaul.

Nek menurut nyong sih, alesan sing paling sederhana ya kuwe sekang segi ekonomine. ya genah, lah wong wis mendem nganti babak bunyak kaya kae be paling olih bayarane mung selawe ewu tekan patangpuluh ewu paling mempeng.

Jaman siki, bocah nom noman kon melu ngebeg ya mending ndangdutan utawa orjenan mbok?. mulane akeh grup ebeg sing melu latah pada ngusungi orjen karo dram mbarang, jere wedi mbok ora payu nek mung ebeg asli manut pakeme. dadine malah ora nggenah, sing nonton niate kepengin weruh ebeg malah dadi mumet mbedakena.

"kiye ebeg, apa campur sari ndangdutan ya?".

Terakhir nyong nonton ebeg pas nyong bali meng Cilacap taun 2007, Paguyuban Ebeg "TURANGGA JATI", grup ebeg asli sekang desane nyong (Desa Adirejawetan / kecamatan Adipala), sing esih nyekel pakem ebeg tradisional Banyumasan asli. ora nganggo orjen apamaning dram karo gitar.
Nyong ndeleng Ramane nyong dewek dadi tukang gong, jan.., rasane bungah campur prihatin, bungaeh pas nyawang wong tua tua sing pada semangat nguri uri budaya banyumasan. prihatine, ndeleng sing nabuih karo sing ngibing wis pada sepuh sepuh kabeh. lah, bocah nom nomane pada gengsi kon blajar ngebeg ndean..

"Apa nunggu Ebeg banyumasan deakoni nang negara lia nembe pada ncocot ya?".

Mayuh lah., sing pada eling karo budayane dewek, deuri uri jajal budaya banyumasan kaya Ebeg, Lengger lan lia liane.
Nek udu awake dewek, sapa maning sing arep nglestarikna budaya warisan leluhure dewek kiye jajal?..


" Mayuh temandang seh Lik !! "...



Gambar decomot sekang Gugel.